*** *** ***
In NGOKO and CAMPURS
Bajiguuurrr!!!
(Iki dudu misuh janne, lah wong wedang enak)
Assseeeemmm!!!
(Iki yo dudu misuh, lah wong roso jeruk)
Kowe asuuuu!!!
(Lah malah mbingungi, ujude koyo opo yo hasil kawinan munyuk mbe' asu?)
Mati kowe!!!
(Belosungkowo to yo, ning kuwi mesthi munyuke nakal)
So'-so' wong kepengin misuh-misuh. Tapi ne' wis ditoto, dipikir sik, malah ora sida misuh. Wong misuh ki kedadenne sepontan, ma'jegagig (jare Nunung OVJ, sing mbiyen Sri Mulat). Batal misuh to yo ne' wis dipikir suwe-suwe, opo meneh ne' wis diomong koyo, "duh, aku pengin misuh..."
Mbiyen ono sing crito, atine loro tenan mergo dipisuhi bojone, nju' ujug-ujug njaluk cere wis 'ra tahan ngrungo'ke bojone misuh ben dina. Pas ditakoni misuhi koyo opo, de'nen 'ra iso crito, 'ra iso niro'ke pisuhan bojone. Yen dipikir, yo mungkin wae pancen ono wong sing cangkeme ringan nggo misuh, lan ono wong sing niro'ke wae 'ra iso.
Aku ki nulis 'misuh' lan 'sambat', sa'jane aku dhewe ora patiyo ngerti artine. Ajar boso Jowo yo wis gedhi, langsung ngundang guru nggo mulang neng omahku. Jaaaannn, isin ki sa'jane. Mergone aku nduwe getih Jowo separoh, moso' 'ra iso Jowo. Ajar Kromo Hinggil, duh Gusti angel tenan. Aku mending ajar lan nulis 'ha na ca ra ka', nggo aku kuwi luwih gampang timbang boso Jowo sing alus royo-royo.
Aku dhewe tau ngomong sing jare koncoku kuwi jenenge 'sambat' (ne' sambit malah aku ngerti :-) )
Koyo nyumpahke wong liyo, ngono bener 'ra yo artine? Mergo sing ta'omong kedaden tenan, nju' jare koncoku aku kudu ati-ati ne' arep sambat.
Piye yo, arep ati-ati, ning wis banjur diomong. Trus aku ngomong mbe' koncoku, "yo wis, ne'arep sambat ta'kandani sampeyan sik, yo."
Lha mulo ne' kepengin sambat, aku nju' so' laporan: "aku kepengin sambat ki."
Ning ora saben arep sambat aku laporan, mergo so' so' lali wis keceplos 'sambat'. Yo wis, ben ta' enengke wae ora kondo-kondo. Paling sing ngerti yo wong sing ngrungo'ke lan Gusti Allah. Angger piturut sing wis ditulis, ming Gusti piamba' ingkang paling nduwe kuwoso dateng sekaliyan kedaden neng donya kene. Dadi ne' awak e dhewe percoyo sambat iso kedaden, mungkin kuwi mergo sambate dhewe dadi donga sing dirungo'ke Piamba'ipun.
Wis ah, aku kepengin misuh lan sambat tenan kiyi...
Gubrrraaaagggg!!!
Limolas sasi sewelas taun Masehi rongewu sepuluh.
___________
RS @ OwnBlog http://perempuan-berbisik.blogspot.com/
No comments:
Post a Comment